Monday 28 November 2011


Ir.Soekarno
 Ir. Soekarno(17 Agustus 1945 -12 Maret 1967)
·         Jeneng: Ir. Soekarno
·         Julukan: Bung Karno
·         Jeneng Cilik: Kusno.
·         Lahir: Blitar, Jatim, 6 Juni 1901
·         Sedo: Jakarta, 21 Juni 1970
·         Makam: Blitar, Jawa Timur
·         Gelar (Pahlawan): Proklamator
·         Jabatan: Presiden RI Pertama (1945-1966)
·         Garwa lan Anak: Tiga isteri delapan anak
*      Garwa Fatmawati, anak: Guntur, Megawati, Rachmawati, Sukmawati dan Guruh
*      Garwa Hartini, anak: Taufan dan Bayu
*      Garwa Ratna Sari Dewi, wanita turunan Jepang bernama asli Naoko Nemoto, anak: Kartika.
·         Bapak: Raden Soekemi Sosrodihardjo
·         Ibu: Ida Ayu Nyoman Rai
·         Pendidikan:

*      HIS di Surabaya (indekos di rumah **** Oemar Said Tokroaminoto, politisi kawakan pendiri  Syarikat Islam)
*      HBS (Hoogere Burger School) lulus tahun 1920
*      THS (Technische Hoogeschool atau sekolah Tekhnik Tinggi yang sekarang menjadi ITB) di Bandung lulus 25 Mei 1926Ajaran: Marhaenisme
·         Kegiatan Politik: Mendirikan PNI (Partai Nasional Indonesia) pada 4 Juli 1927
·         Dikunjara ing Sukamiskin, Bandung pada 29 Desember 1929
·         Bergabung memimpin Partindo (1931)
·         Dibuwang ke Ende, Flores tahun 1933 lan patang tahun sebanjure dipindahne ing Bengkulu.
·         Ngrumusake  Pancasila 1 Juni 1945
·         Bebarengan Bung Hatta mroklamasiake kemerdekaan RI tanggal 17 Agustus 1945
  

    Ir. Soekarno lahir ing kutho Blitar tanggal 6 Juni 1901. Jeneng cilike Koesno Sosrodiharjo. pas umure genep limang tahun jeneng kuwi maeng diganti maleh Soekarno. Jeneng kuwi maeng dijupuk saka sawijinig panglima perang sak crita Bharata Yudha yaiku karna.
    Dheweke uwong kang macakake teks proklamasi didampingi Moh.Hatta. Uga pahlawan kang merjuangake kemerdekaan liwat organisasi-organisasi contone PNI lan liya-liyane.
    Dhek jaman penjajahan, uripe rakyat Indonesia rekasa lan sengsara. Penjajahan Walanda nidhes rakyat kanthi sewenang-wenang. Rakyat kudu asok bulu bekti utawa mbayar pajeg sing abot, sing njalari rakyat soyo suwe saya mlarat. Weruh kahanan kaya mengkono, akeh pemimpin lan pemuda pejuang sing pada nglawan penjajah Walanda, mbudidaya supaya uwal saka regemaning Walanda.
    Usaha ngusir Walanda iku tansah gagal amarga sipate kedhaerahan lan bisa “ diadu domba “ dening Walanda. 
    Ngelingi kegagalane para pejuang ing jaman biyen, para pemimpin lan pejuang penerus bangsa nggunakake cara liya kanggo nggayuh kamardikan. Ana sing ngadekake parkumpulan gerakan kebangsaan, ana sing ngango sarana pendidikan. Ana pemimpin sing wiwit muda kanthi semangat mekantar-kantar ngreko daya murih Indonesia merdika yaiku Ir. Soekarno, iya Bung Karno. Liwat tulisan lan pidhato-phidatone, Bung Karno tansah ngobarake semangat supaya rakyat ngalawan Walanda sing gawe sengsarane rakyat. Tumindake Bung Karno iku dianggep mbebayani lan dianggep luput dening Walanda. Bung Karno dicekel lan dikunjara utawa dibuang menyang pulo liya supaya pisah karo rakyat sing nyengkuyung perjuangane.
    Bung Karno tau dikunjara ing pakunjaran Sukamiskin Bandung,tau dibuwang menyang Endeh ing pulo Flores, lan uga tau dibuwang menyang Bengkulu. Penjajahan Jepang wektu iku ngedekake “ PUSAT TENAGA RAKYAT ” kang dicekak “ PUTERA “ , sing banjur di pasrahake marang “ EMPAT SERANGKAI “ yaiku  SOEKARNO, MOH.HATTA, KI HAJAR DEWANTARA, KH. MAS MANSYUR.
     Sawise Jepang kalah perang lan teluk marang sekutu, Bung Karno lan Moh. Hatta sing dadi wakile rakyat nalika tanggal 17 Agustus 1945 nggiyarake proklamasi Kamardikan Indonesia. Sebanjure Bung Karno lan Bung Hatta dipilih lan diangkat dadi Presiden lan wakil Presiden Republik Indonesia .

0 comments:

Post a Comment